1 / 11

Kidung 35

Kidung 35. Masmur 118. Masmur 118. Pra jalma padha angluhurna Mring Allah kang asih darma Wit sih kadarmaning Pangeran Alanggeng ing salamanya Para kang ngabekti mring Allah Ngucapa lan sukarena Yen sih kadarmane Pangeran Alanggeng ing salamanya. 2. Sajroning rubed lan sangsara

elgin
Download Presentation

Kidung 35

An Image/Link below is provided (as is) to download presentation Download Policy: Content on the Website is provided to you AS IS for your information and personal use and may not be sold / licensed / shared on other websites without getting consent from its author. Content is provided to you AS IS for your information and personal use only. Download presentation by click this link. While downloading, if for some reason you are not able to download a presentation, the publisher may have deleted the file from their server. During download, if you can't get a presentation, the file might be deleted by the publisher.

E N D

Presentation Transcript


  1. Kidung 35 Masmur 118

  2. Masmur 118 Pra jalma padha angluhurna Mring Allah kang asih darma Wit sih kadarmaning Pangeran Alanggeng ing salamanya Para kang ngabekti mring Allah Ngucapa lan sukarena Yen sih kadarmane Pangeran Alanggeng ing salamanya

  3. 2. Sajroning rubed lan sangsara Aku nyebut mring Pangeran Tumuli pinaringan omber Pasambatku sinembadan Allah anunggil karo aku Aku bakal ora wedi Jalma bisa manggawe apa Kang tumrap ing awak mami?

  4. 3. Allah anunggil karo aku Kang sarta paring pitulung Mula tansah ayem atiku Nadyan satruku luwih agung Becik angungsi mring Pangeran Karo sumendhe ing jalma Becik angungsi mring Pangeran Karo kumandel ing raja

  5. 4. Pangeran mitulungi aku Karsa paring pangentasan Mula tansah dakluhurake Saumurku klawan girang Neng omahe para wong mursid Ana sabawa gumiyak Arame dennya ngidungake Kaunggulane sihrahmat

  6. 5. Asmane Allah ingkang luhur Anindakken kaprawiran Sun bakal tan ngalami mati Nging urip tumekeng dlahan Kang sarta anyaritakake Pakaryane Allah mami Dhahat paniksane mring aku Nging ora tumekeng pati

  7. 6. Kula mugi kawenganana Gapuraning kamursidan Kula mlebet maring pamujan Memuji dhateng Pangeran Lah iki gapurane Allah Para kang mursid mlebua Dhuh Allah, gung panuwun kula De karsa nrimah ing kula

  8. 7. Watu kang biyen wus tinampik Dening juru gawe omah Teka dadi ugering padon Kang pinilih dening Allah Iki riyayane Pangeran Payo padha suka rena! Dhuh Allah sapunika mugi Tuwan paring berkah arja

  9. 8. Binerkahana ingkang rawuh Ngagem asmanya Pangeran Paduka kula suwunaken Berkah wonten ing pamujan Yehuwah iku Allah kita Kang paring padhang ing manah Pisungsunge sapasamuwan Sinaosna klawan bungah

  10. 9. Tuwan punika Allah kula Mila kawula pepuja Dhlih Allah kula ngluhuraken Tuwan langgeng salaminya Pra jalma padha angluhurna Mring Allah kang asih-darma Wit sih-kadarmane Pangeran Alanggeng ing salamanya

More Related