1 / 8

Kidung 12

Kidung 12. Masmur 42. Masmur 42. Kados sangsam kang kasatan Dennya ngorong mring toya Nggih makaten dhuh Pangeran Pangoronging tyas kula Nyawa kula angorong dhateng Allah kang gesang Benjing napa kula klilan Sowan dhateng ngarsa Tuwan?. 2. Namung luh kang kula bukti

ross
Download Presentation

Kidung 12

An Image/Link below is provided (as is) to download presentation Download Policy: Content on the Website is provided to you AS IS for your information and personal use and may not be sold / licensed / shared on other websites without getting consent from its author. Content is provided to you AS IS for your information and personal use only. Download presentation by click this link. While downloading, if for some reason you are not able to download a presentation, the publisher may have deleted the file from their server. During download, if you can't get a presentation, the file might be deleted by the publisher.

E N D

Presentation Transcript


  1. Kidung 12 Masmur 42

  2. Masmur 42 Kados sangsam kang kasatan Dennya ngorong mring toya Nggih makaten dhuh Pangeran Pangoronging tyas kula Nyawa kula angorong dhateng Allah kang gesang Benjing napa kula klilan Sowan dhateng ngarsa Tuwan?

  3. 2. Namung luh kang kula bukti Rinten kaliyan dalu, Wit tansah dipun poyoki "Na ngendi ta Allahira?" Nyawa kula angranta Nggen kula suka rena Duk uminggah mring pamujan Rame awor tyang golongan

  4. 3. Dhuh nyawaku, ja tumungkul Ya gene teka uwas? Ngarep-arepa mring Allah Kang Mahasih, Mahawlas Mesti bakal dakpuji Yeku Pamarta mami Kang sampurna myang wilasa Allahku kang Mahakwasa

  5. 4. Inggih dhuh Allah, saestu Tumungkul nyawa kula Tuwan kang kulemut-emut Sapurug-purug kula Tyas kula kegunturan Ing sedih,lir kungkulan Ing ombak lan grabyag Tuwan Sanget dennya kewimbuhan

  6. 5. Rumiyin kula ngidungken Sih Tuwan rinten dalu Nging samangkin sambat kula Klayan manah kang rempu "Dhuh Allah, punapaa Tuwan supe mring kula?" Satru kula amemada "Na ngendi ta Allahmu?"

  7. 6. Dhuh nyawaku, ja tumungkul Ya gene teka uwas? Ngarep-arepa mring Allah Kang Mahasih, Mahawlas Mesti bakal dak puji Yeku Pamarta mami Kang sampurna myang wilasa Allahku kang mahakwasa

More Related