1 / 7

SENGKALAN

SENGKALAN. WATAKING TEMBUNG ING SENGKALAN. 1. Watak siji : srengenge, ati, nabi, gusti, sadasanamane. 2. Watak loro : mripat, tangan, swiwi, sejodho, kembar, sepasang, sadasanamane. 3. Watak telu : geni, kobong, panas, cahya, sadasanamane.

sierra
Download Presentation

SENGKALAN

An Image/Link below is provided (as is) to download presentation Download Policy: Content on the Website is provided to you AS IS for your information and personal use and may not be sold / licensed / shared on other websites without getting consent from its author. Content is provided to you AS IS for your information and personal use only. Download presentation by click this link. While downloading, if for some reason you are not able to download a presentation, the publisher may have deleted the file from their server. During download, if you can't get a presentation, the file might be deleted by the publisher.

E N D

Presentation Transcript


  1. SENGKALAN

  2. WATAKING TEMBUNG ING SENGKALAN 1. Watak siji : srengenge, ati, nabi, gusti, sadasanamane. 2. Watak loro : mripat, tangan, swiwi, sejodho, kembar, sepasang, sadasanamane. 3. Watak telu : geni, kobong, panas, cahya, sadasanamane. 4. Watak papat : samodra, segara, karya, gawe, sadasanamane. 5. Watak lima : buta, angin, panah, pandhawa, denawa, samirana, panca, sadasanamane. 6. Watak enem : rasa, kayu, obah, aliyan, sadasanamane. 7. Watak pitu : pandhita, swara, jaran, gunung, sadasanamane. 8. Watak wolu : gajah, naga, slamet, rahayu, wardani, sadasanamane. 9. Watak sanga : dewa, gapura, leng, papan kang kena kanggo mlebu, bolong, manjing, ambu, sadasanamane. 10. Watak nul : nir, suwung, lebur, sirna, ilang, oncat, luhur, sadasanamane.

  3. SENGKALAN • Yaiku : Unen-unen utawa tembung utawa pepaten utawa gambar utawa wewujudan nemu teges angkaning taun.

  4. JENIS SENGKALAN • 1. SURYA SENGKALA : Sengkalan kang nemu teges angkaning tahun masehi. • 2. CANDRA SENGKALA : Yaiku sengkalan kang nemu teges angkaning taun jawa.

  5. WUJUDE SENGKALAN • Sengkalan Lamba : Yaiku pengetan taun mawa tetembungan. • Sengkalan Memet : Yaiku pengetan taun mawa gambar, pepethan, utawa reca.

  6. GUNANE SENGKALAN • Kanggo nulisake / gembarake prastawa penting kang perlu dieling-eling • Tuladha : • Madeging Kraton. • Ari Kamardikan. • Taun Pelairan. Lsp.

  7. CARANE GAWE SENGKALAN 1.Mangerteni wataking tembung kang ngemu wilangan. 2.Tulis angka taun saka mburi. 3.Gawe tetembung trep karo wataking wilangan. -Tuladha : a. SENGKALAN LAMBA : Denawacaturdewajagad. 5 4 9 1 = Banjur diurutke saka mburi, 1945 utawa taun kamardikan RI. b. SENGKALAN MEMET : Sengkalan memet tinemu ing Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat kang wujude naga loro kang buntute ubet-ubetan. Macane: Dwinagarasatunggal 2 8 6 1 = taun 1682 madege Kraton Ngayogyakarta.

More Related