1 / 7

Identitas Mahasiswa

EMA KURNIANINGRUM SUNI, 2102406545 Peningkatan Keterampilan Menulis Karangan Narasi Dengan Menggunakan Strategi ATM (Amati, Tiru, Modifikasi) Melalui Media Contoh Cerkak Pada Majalah Panjebar Semangat Pada Siswa Kelas X-7 SMA Negeri 1 Batang. Identitas Mahasiswa.

loe
Download Presentation

Identitas Mahasiswa

An Image/Link below is provided (as is) to download presentation Download Policy: Content on the Website is provided to you AS IS for your information and personal use and may not be sold / licensed / shared on other websites without getting consent from its author. Content is provided to you AS IS for your information and personal use only. Download presentation by click this link. While downloading, if for some reason you are not able to download a presentation, the publisher may have deleted the file from their server. During download, if you can't get a presentation, the file might be deleted by the publisher.

E N D

Presentation Transcript


  1. EMA KURNIANINGRUM SUNI, 2102406545Peningkatan Keterampilan Menulis Karangan Narasi Dengan Menggunakan Strategi ATM (Amati, Tiru, Modifikasi) Melalui Media Contoh Cerkak Pada Majalah Panjebar Semangat Pada Siswa Kelas X-7 SMA Negeri 1 Batang

  2. Identitas Mahasiswa • - NAMA : EMA KURNIANINGRUM SUNI - NIM : 2102406545 - PRODI : Pendidikan Bahasa, Sastra Indonesia, dan Daerah (Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa) - JURUSAN : Bahasa & Sastra Indonesia - FAKULTAS : Bahasa dan Seni - EMAIL : emasuni pada domain yahoo.com - PEMBIMBING 1 : Dr. Teguh Supriyanto, M.Hum. - PEMBIMBING 2 : Dra. Sri Prastiti KA. - TGL UJIAN : 2010-08-13

  3. Judul • Peningkatan Keterampilan Menulis Karangan Narasi Dengan Menggunakan Strategi ATM (Amati, Tiru, Modifikasi) Melalui Media Contoh Cerkak Pada Majalah Panjebar Semangat Pada Siswa Kelas X-7 SMA Negeri 1 Batang

  4. Abstrak • SARI Suni. Ema Kurnianingrum 2010. Peningkatan Keterampilan Menulis Karangan Narasi Dengan Menggunakan Strategi ATM (Amati, Tiru, Modifikasi) Melalui Media Contoh Cerkak Pada Majalah Panjebar Semangat Siswa Kelas X.7 SMA Negeri 1 Batang. Skripsi. Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Semarang. Pembimbing I: Dr. Teguh Supriyanto, M. Hum, dan Pembimbing II: Dra. Sri Prastiti Kusuma A. Kata kunci: nulis karangan narasi, ”strategi” ATM (Amati, Tiru, Modifikasi) lan “media” conto cerkak majalah Panjebar Semangat Pasinaon nulis sastra duwe “peran” sing wigati ing piwulang basa Jawa. Salah sijine yaiku siswa bisa nulis karangan narasi. Saka asil observasi lan wawancara karo guru basa Jawa, bisa dikaweruhi yen keterampilan siswa nulis karangan narasi isih cendhek jalaran “media” utawa cara pasinaon sing dinggo guru isih kurang trep. Guru isih nganggo cara pasinaon sing pas lan nengsemake, yaiku kanthi nganggo cara conto cerkak ing majalah Panjebar Semangat. Gegayutan karo perkara mau, mula perkara sing diudi ing paneliten iki yaku (1) kepriye mundhake ketrampilan siswa nalika nulis karangan narasi kelas X.7 SMA N 1 Batang sawise nganggo “strategi” ATM (Amati, Tiru, Modifikasi) kanthi “media” conto cerkak ing majalah Panjebar Semangat. (2) kepriye owahing tindak tanduk solah bawa siswa kelas X.7 SMA N 1 Batang sawise entuk pasinaon kanthi nggunakake “strategi” ATM kanthi “media” conto cerkak majalah Panjebar Semangat. Tujuan paneliten iki yaiku (1) njlentrehake mundhake ketrampilan siswa kelas X.7 SMA N 1 Batang nalika nulis karangan narasi kanthi “strategi” ATM kanthi “media” conto cerkak ing majalah Panjebar Semangat. (2) njlentrehake owahing tindak tanduk solah bawa siswa kelas X.7 SMA N 1 Batang sawise entuk pasinaon kanthi nggunakake “strategi” ATM kanthi “media” conto cerkak majalah Panjebar Semangat. “Variabel” paneliten iki arupa variabel ketrampilan nulis karangan narasi, “strategi” ATM (Amati, Tiru, Modifikasi) lan “media” conto cerkak ing majalah Panjebar Semangat. Paneliten kelas iki dileksanakake nganggo rong siklus. Ngumpulake “data” nggunakake cara “observasi” (“observasi” ketrampilan nulis karangan narasi lan tindak tanduk siswa sasuwene pasinaon), “jurnal”, lan “wawancara”. Cara nganalisis “data” yaiku nganggo “teknik kualitatif” lan “kuantitatif”. “Teknik kualitatif” digunakake kanggo nganalisis “data kualitatif” (tindak tanduk), lan “deskriptif persentase” digunakake kanggo nganalisis data ketrampilan nulis karangan narasi. Asil saka paneliten nuduhake yen ketrampilan siswa nulis karangan narasi mundhak. Ing “tahap prasiklus”, guru isih nganggo cara pasinaon sing “konvensional”, saengga asile 62.06 sabanjure dileksanakake siklus I kanthi nganggo “strategi” ATM (Amati, Tiru, Modifikasi) kanthi “media” conto cerkak ing majalah Panjebar Semangat asile 67.09, nanging kala siklus I isih kurang latihan nulis karangan narasi nganggo “strategi” ATM (Amati, Tiru, Modifikasi) kanthi “media” conto cerkak ing majalah Panjebar Semangat sing isih arang digunakake sainggo siswa isih butuh penyesuaian karo “media pembelajaran” kasebut. Ing siklus II asil tes nulis karangan narasi siswa yaiku 79.06. Asil saka “observasi”, “jurnal”, lan “wawancara” nuduhi anane owahing tindak tanduk siswa kelas X.7 SMA N 1 Batang, yaiku dadi sregep lan semangat anggone sinau nulis karangan narasi, sakliyane kuwi mawa nggunakake cara “strategi” ATM (Amati, Tiru, Modifikasi) kanthi “media” conto cerkak ing majalah Panjebar Semangat siswa bisa luwih ngerti kepriye nggunakake lan nerapake “aspek” sing kalebu ing cerkak sing bener. Panyaruhe saka paneliti yaiku (1) guru basa Jawa saged manfaatake “media” conto cerkak ing majalah Panjebar Semangat dadi salah sijine cara pasinaon kanggo siswa; (2) kanggo para paneliti basa lan sastra bisa nggawe paneliten sing padha nanging nganggo “strategi” lan “media” sing beda, saengga bisa digunakake kanggo “alternatif” cara pasinaon nulis karangan narasi.

  5. Kata Kunci • nulis karangan narasi, ”strategi” ATM (Amati, Tiru, Modifikasi) lan “media” conto cerkak majalah Panjebar Semangat

  6. Referensi

  7. Terima Kasih • http://unnes.ac.id

More Related