1 / 9

Kidung 4

Masmur 19. Kidung 4. Masmur 19. Langit anyariyosaken Kamulyaning Hyang Agung Nguwaraken pakaryaning Astane kang linangkung Dresing pangucap mlintu Waktu siyang lan dalu. 2. mBoten wonten pitembungan Tuwin tan wonten basa, Ingkang boten kamirengan Suwaraning akasa;

erica
Download Presentation

Kidung 4

An Image/Link below is provided (as is) to download presentation Download Policy: Content on the Website is provided to you AS IS for your information and personal use and may not be sold / licensed / shared on other websites without getting consent from its author. Content is provided to you AS IS for your information and personal use only. Download presentation by click this link. While downloading, if for some reason you are not able to download a presentation, the publisher may have deleted the file from their server. During download, if you can't get a presentation, the file might be deleted by the publisher.

E N D

Presentation Transcript


  1. Masmur 19 Kidung 4

  2. Masmur 19 Langit anyariyosaken Kamulyaning Hyang Agung Nguwaraken pakaryaning Astane kang linangkung Dresing pangucap mlintu Waktu siyang lan dalu

  3. 2. mBoten wonten pitembungan Tuwin tan wonten basa, Ingkang boten kamirengan Suwaraning akasa; Ungelira nyrambahi Mring salumahing bumi

  4. 3. Angger-anggering Pangeran Nyata nglejarken nyawa Tyang punggung kadamel saged De seksine kang setya, Leres tetimbalannya, Tur mbingahken ing driya

  5. 4. Prentahe Pangeran mulya Damel padhanging netra Wewedene suci, tetep Ngantos slami-laminya Bebenerane nyata Sarta adil sadaya

  6. 5. Kaendahane ngungkuli Kencana adi katah Asor mustikaning madu Abdi Tuwan winarah Tiyang ingkang netepi Palanira nglangkungi

  7. 6. Pundi tiyang kang sumerep Klepatanira, mugi Ngapuntena ingkang samar Lan mugi den luwari Saking piangkuh, temah Lepas ing piawon kathah

  8. 7. Dhuh Pangeran mugi-mugi Aturing cangkem kula Kaliyan pangangen-angen Ing manah katrimaha Tuwan minangka parang Saha panebus-ingwang

More Related