1 / 18

SESORAH

SESORAH. Presented By : PRASETYO ADI TUNGGAL, S.Pd.

vina
Download Presentation

SESORAH

An Image/Link below is provided (as is) to download presentation Download Policy: Content on the Website is provided to you AS IS for your information and personal use and may not be sold / licensed / shared on other websites without getting consent from its author. Content is provided to you AS IS for your information and personal use only. Download presentation by click this link. While downloading, if for some reason you are not able to download a presentation, the publisher may have deleted the file from their server. During download, if you can't get a presentation, the file might be deleted by the publisher.

E N D

Presentation Transcript


  1. SESORAH Presented By: PRASETYO ADI TUNGGAL, S.Pd

  2. Tanggap Wacana/Sesorah (Pidato), inggih punika ngendika wonten ing sangajenging tiyang kathah. Langkung gamblangipun, wedharing pangandikan kasebat, anggadhahi ancas (tujuan/maksud) ingkang gumathok. Dene ingkang dipun maksud tiyang kathah punika, boten wonten watesanipun, inggih kinten-kinten langkung saking sadasa tiyang. SESORAH

  3. Kangge nyaosi pangertosan dhumateng tiyang sanes. Kangge nyaosi karemenan dhumateng ingkang kepareng midhangetaken, utawi kangge nyaosi panglipur dhumateng ingkang midhangetaken. Kangge mempengaruhi pemanggih utawi pendirian ingkang mirengaken, supados kersa tumindak kados ingkang dipun suwun dening pamedhar pangandikan. Tujuanipun Tanggap Wacana/Sesorah (Pidato), kaperang dados tiga (3), inggih punika :

  4. Bilih Tanggap Wacana/Sesorah (Pidato) punika kangge nyaosi pangertosan dhumateng ingkang midhangetaken, pramila tanggapan saking pamiyarso ingkang dipun kajengaken, inggih punika pamiyarso saged mangertos saha paham dhumateng punapa ingkang sampun dipun andharaken dening pamedhar pangandikan (ingkang maringi TanggapWacana/Sesorah/Pidato).

  5. Bilih Tanggap Wacana/Sesorah (Pidato) punika kangge nyaosi karemenan/panglipur dhumateng ingkang midhangetaken, pramila tanggapan saking pamiyarso ingkang dipun kajengaken, inggih punika pamiyarso saged rumaos rena ing penggalih.

  6. Bilih Tanggap Wacana/Sesorah (Pidato) punika kangge mempengaruhi pemanggih/pendirian, pramila tanggapan saking pamiyarso ingkang dipun kajengaken, inggih punika kapitadosan pamiyarso dhumateng punapa ingkang sampun dipun jlentrehaken pamicara, kanthi tulus saha iklas, pamiyarso kersa nindakaken dhumateng punapa ingkang sampun dipun ngendikakaken dening pamicara.

  7. Boten namung ngemungaken punika kemawon, nanging bok bilih Tanggap Wacana/Sesorah (Pidato), gadhah ancas, supados tigang perangan kasebat ing nginggil punika, saged dipun cakup sadaya, pramila Tanggap Wacana/Sesorah (Pidato) dipun kempalaken tetiganipun.

  8. PERSIAPAN TANGGAP WACANA/SESORAH( PIDATO ) Sanadyan kados pundi rantaman adicara Tanggap Wacana/Sesorah (Pidato) ingkang sampun dipun siapaken, tamtu taksih kathah tithalipun saha kekiranganipun. Bok bilih, ingkang midhangetaken dereng saged nampi babaran saking rantaman Tanggap Wacana/Sesorah (Pidato) punika. Ing salebetipun Tanggap Wacana/Sesorah (Pidato), pananggap wacana badhe pikantuk sambetan ingkang sae, manawi piyambakipun nglumantaraken Tanggap Wacana/Sesorah (Pidato) kanthi wacana ingkang sae ugi.

  9. Awit saking punika, kedhah dipun gatosaken prekawis-prekawis ingkang kirang mranani penggalihipun para pamiyarso ingkang sami midhangetaken.Sikep sarira ingkang kirang mranani : Jumeneng kanthi lelambaran suku setunggal. Jumeneng kanthi suku ingkang sakalangkung rapet. Jumeneng kanthi suku ingkang sakalangkungmegar. Jumeneng kanthi loyo utawi boten wonten semangat.

  10. 5. Jumeneng jonjing utawi kurang imbang. 6. Jumeneng kanthi lelendhen papan wicara (mimbar).7. Sekedhap-sekedhap ngewah-ewah sarira (badan).8.Jumeneng boten kanthi kapitadosan ingkang gumathok (kirang percaya diri).9 .Jumeneng Kaku.10. Jumeneng boten nggatosaken papan panggenan.

  11. Ewah-ewahaning pasuryan ingkang boten mranani : Gumujeng ingkang dipun damel-damel. Asringmesam-mesem. Polatanipunmbesengut. Tansahtumungkul. Gugup.

  12. Ewah-ewahaning sarira ingkang boten mranani : Asring ngebahaken satunggaling perangan sarira. 2. Ngebahaken salah satunggaling perangan sarira kanthi tidha-tidha (tiba-tiba). 3. Ngebahaken perangan sarira ingkang boten trep, kaliyan ingkang dipun ngendikakaken. 4. Asring kukur-kukur utawi asring ngukur salah satunggaling perangan badan.

  13. 5. Asring mirsani cathetan.6. Asring ningali nginggil.7. Nglebetaken asta wonten ing sak clana.8. Boten migatosaken kawontenan utawi ingkang midhangetaken.

  14. Sasanesipun punika, ugi kedah dipun gatosaken prekawis-prekawis ingkang kados ing ngandhap punika : Sora lan botenipun suwanten. Iramaning suwanten. Rancaking pamicara ingkang laras kaliyan tandhaning anta wecana (tanda baca). Swasananing suwanten ingkang laras kaliyan kawontenan.

  15. RANTAMAN UTAWI POKOK-POKOK TANGGAP WACANA / SESORAH ( PIDATO ) Ing salebeting Tanggap Wacana/Sesorah (Pidato), kedah kamomot prekawis-prekawis ingkang sampun karantam kanthi urut kados ing nggandhap punika : Salam pambuka. Purwaka (pembuka). Isi Tanggap Wacana/Sesorah (Pidato). Wigati (kesimpulan). Pangajeng-ajeng. Wusana (penutup). Salam panutup.

  16. Jangkepipun kados makaten : Salam pambuka, inggih punika ngaturaken uluk salam dhumateng para rawuh, tumunten kalajengaken nyebat asmanipun para rawuh. Purwaka (pembuka), inggih punika atur panuwun (matur nuwun) dhumateng para rawuh (tamu undangan), saha kalajengaken atur panuwun dhumateng Gusti ingkang akarya Jagad. Isi Tanggap Wacana/Sesorah (Pidato), inggih punika sadaya prekawis-prekawis ingkang dipun wedharaken.

  17. 4. Wigati (kesimpulan), inggih punika inti saking isi, ingkang sampun dipun wedharaken. 5. Pangajeng-ajeng, inggih punika pitedah-pitedah saha pangajeng-ajeng ingkang dipun wedharaken dhumateng para pamiyarso ingkang midhangetaken. 6. Wusana (penutup), inggih punika atur panuwun, saha panyuwunan pangapunten bok bilih wonten kekirangan tuwin kalepatan anggenipun ngaturaken Tanggap Wacana/Sesorah (Pidato). 7. Salam Panutup, inggih punika uluk salam kangge mungkasi atur Tanggap Wacana/Sesorah (Pidato).

  18. THE END

More Related