1 / 18

KAWRUH WAYANG

KAWRUH WAYANG. Presented By : PRASETYO ADI TUNGGAL, S.Pd. Jinising Wayang. Wayang Beber

tal
Download Presentation

KAWRUH WAYANG

An Image/Link below is provided (as is) to download presentation Download Policy: Content on the Website is provided to you AS IS for your information and personal use and may not be sold / licensed / shared on other websites without getting consent from its author. Content is provided to you AS IS for your information and personal use only. Download presentation by click this link. While downloading, if for some reason you are not able to download a presentation, the publisher may have deleted the file from their server. During download, if you can't get a presentation, the file might be deleted by the publisher.

E N D

Presentation Transcript


  1. KAWRUH WAYANG Presented By : PRASETYO ADI TUNGGAL, S.Pd

  2. JinisingWayang Wayang Beber yaiku : Wayang kang wujude arupa gambar (jejeran), kang digawe saka kertas kandel utawa kain mori, sing wus digambari. Wayang Beber biasane njupuk lakon (crita) Raden Panji Inu Kertapati lan Dewi Sekartaji.

  3. Wayang Dupara (Kancil) yaiku : Wayang kang kagawe saka kulit (lulang). Wayang Dupara (Kancil) biasane njupuk lakon (crita) kancil.

  4. Wayang Gedhog (Wasana) yaiku : Wayang kang kagawe saka kulit (lulang). Wayang Gedhog (Wasana) biasane njupuk lakon (crita) Raden Panji Inu Kertapati lan Dewi Sekartaji.

  5. Wayang Golek yaiku : Wayang kang kagawe saka kayu (kawangun wong/boneka). Wayang Golek biasane njupuk lakon (crita) Ramayana lan Mahabharata. Wayang Golek sumebar ana ing tlatah Pasundan.

  6. Wayang Jemblung yaiku : Wayang kang kagawe saka kayu (kawangun wong/boneka). Wayang Jemblung biasane njupuk lakon (crita) Babad (kaya kethoprak). Wayang Jemblung sumebar ana ing tlatah Pesisir Lor Pulo Jawa (Blora, Cepu lan Bonjonegara).

  7. Wayang Klithik yaiku : Wayang kang kagawe saka kayu gepeng. Wayang Klithik biasane njupuk lakon (crita) Damarwulan.

  8. Wayang Krucil yaiku : Wayang kang kagawe saka kulit (lulang) cilik-cilik (kawangun tangane wudhar siji, tangan sijine malang kerik). Wayang Krucil biasane njupuk lakon (crita) Babad (kaya kethoprak).

  9. Wayang Madya yaiku : Wayang kang kagawe saka kulit (lulang). Wayang Madya biasane njupuk lakon (crita) Mahabharata (njupuk lakon Parikesit lan turun-turunane, kayata : Yudayana, Gendrayana, Sudarsana tekan Jayabaya). Wayang Madya ana (nate kondang) nalika jaman Kraton Demak lan Pajang.

  10. Wayang Menak yaiku : Wayang kang kagawe saka kayu (kawangun wong/boneka). Wayang Menak biasane njupuk lakon (crita) dakwah agama Islam (njupuk lakon wong Agung Jayengrana, Umarmaya lan Umarmadi).

  11. Wayang Potehi yaiku : Wayang kang kagawe saka kayu (kawangun wong/boneka nanging wujude cilik-cilik ). Wayang Potehi biasane njupuk lakon (crita) Babad Cina (Kraton Tar-Tar).

  12. Wayang Purwa yaiku : Wayang kang kagawe saka kulit (lulang). Wayang Purwa biasane njupuk lakon (crita) Ramayana lan Mahabharata. Wayang Golek sumebar ana ing tlatah Pulo Jawa (Jawa Tengah lan Jawa Timur).

  13. Wayang Suluh (Pancasila) yaiku : Wayang kang kagawe saka kulit (lulang) lan (kawangun wong). Wayang Purwa biasane njupuk lakon (crita) urip lan panguripane wong ing sabendinanane.

  14. Wayang Thengul yaiku : Wayang kang kagawe saka kayu (kawangun wong/boneka). Wayang Thengul biasane njupuk lakon (crita) Layang Menak (Amir Hamzah).

  15. Wayang Wahana yaiku : Wayang kang kagawe saka kulit (lulang) lan (kawangun wong). Wayang Wahana biasane njupuk lakon (crita) kahanane urip saiki.

  16. Wayang Wahyu yaiku : Wayang kang kagawe saka kulit (lulang) lan (kawangun wong). Wayang Wahyu biasane njupuk lakon (crita) Pawartos Injil (Piwulang Agama Kristen lan Khatolik).

  17. Wayang Wong yaiku : Wayang kang ditindakake dening wong. Wayang Wong biasane njupuk lakon (crita) Ramayana lan Mahabharata.

  18. The End

More Related