1 / 10

Layang Pribadi

Layang Pribadi. Layang. Wong sambung gunem ( komunikasi ) karo wong liya bisa kanthi lisan utawa tinulis. Sambung gunem sarana tinulis lumrah nganggo sarana sing diarani layang utawa surat. Layang dipilih kanggo komunikasi sebab gampang lan murah, uga kajamin rahasiane. A. Sarate Layang.

hank
Download Presentation

Layang Pribadi

An Image/Link below is provided (as is) to download presentation Download Policy: Content on the Website is provided to you AS IS for your information and personal use and may not be sold / licensed / shared on other websites without getting consent from its author. Content is provided to you AS IS for your information and personal use only. Download presentation by click this link. While downloading, if for some reason you are not able to download a presentation, the publisher may have deleted the file from their server. During download, if you can't get a presentation, the file might be deleted by the publisher.

E N D

Presentation Transcript


  1. Layang Pribadi

  2. Layang Wong sambung gunem ( komunikasi ) karo wong liya bisa kanthi lisan utawa tinulis. Sambung gunem sarana tinulis lumrah nganggo sarana sing diarani layang utawa surat. Layang dipilih kanggo komunikasi sebab gampang lan murah, uga kajamin rahasiane.

  3. A. Sarate Layang • Dluwang kang dienggo resik. • Tulisane cetha, gampang diwaca. • Ukarane ganep, nganthi gagasan sing arep diandharake rampung. • Unggah ungguh basa sing mapan, trep karo sing dikirimi. • Isine cetha lan sing runtut • Yen arep dikirim lewat pos, alamat sing dituju kudu di tulis kanthi cetha.

  4. B. Wujude layang • Layang Ulem ( Undangan ) • Layang kitir ( Telegram ) • Layang lelayu ( Kematian ) • Layang iber-iber ( layang pribadi ) • Layang dhawuh ( surat perintah ) • Layang prajanjen ( Surat perjanjian )

  5. C. Perangane layang Layang jawa sing urutane ganep diarani layang iber – iber utawa layang pribadi. Isine layang pribadi bisa apa wae awujud kabar pribadi. Perangan utawa urutane mangkene : • Adangiyah ( unggah – ungguhing layang ) Tuladhane : Salam taklim : Kanggo sapadha – padha Sembah sungkem : Marang wong sing luwih tuwo Sembah sungkem pangabekti : kanggo wong tuwo, sesepuh sing kudu di ajeni, wong sing drajad utawa pangkate luwih dhuwur tinimbang sing gawe layang. • Pambuka Isine kabar saka sing ngirim layang lan pandonga marang sing dikirimi layang.

  6. 3. Isi 4. Panutup Panutup isine sing kirim layang ngarep – ngarep wangsulane, pandongane lan nyuwun pangapura yen ana kaluputan utawa kekurangan atur sing kurang prayoga marang sing dikirimi layang. 5. Titimangsa / Tanggal 6. Peprenahan Tegese sing kirim layang iku keprenah apa karo sing dikirimi, umpamane: ingkang putra, mitra panjenengan, ingkang wayah, simbah, ibumu,lsp. 7. Tapak asma / Tanda tangan 8. Nama

  7. Contoh Layang Pribadi

  8. Jakarta, 5 Juni 2009 Sungkem pangabekti kulo Katur Bapak-Ibu Eri Hastadi Ing Gunungkidul. Nuwun, kanthi serat meniko ngaturi priksa, bilih kula tansah ginanjar kawilujengan, pinaringan bagas kawarasan, pikantuk berkah saking Gusti lan pangestu panjenengan. Mugi-mugi bapak ibu sekalian sarta mas lan adik ing mriki inggih mekaten kawontenanipun. Kejawi menika keparenga kula matur, gegandengan benjang wulan ngajeng menika sampun libur, kamangka sekolah badhe ngawontenaken kemah ing Prambanan, Ngayogyakarta tanggal 4-6 Juli 2009, pramila kula mboten saged wangsul rumiyin dhateng Gunungkidul amargi badhe persiapan dhateng Prambanan. Malah menawi wonten dhanganing penggalih kula nyuwun tambah kinantun sangu, dene beya kagem kemah sampun kula pendhetaken saking tabungan ingkang wonten BPD. Lajeng, menawi bapak ibu badhe pinanggih kaliyan kula saget rawuh wonten Bumi Perkemahan Rama Sinta Prambanan. Wasana namung menika ingkang dados atur kula, menawi wonten atur ingkang kirang mranani penggalih lan sedaya kalepatan, kula nyuwun pangapunten. Sanget pangajeng-ajeng kula tumrap kinantunipun sangu, sarta nyuwun tambahing pangestu. Matur nuwun. Ingkang Putra Eko Putro

  9. 5 • Keterangan : • Adangiyah (unggah-ungguhing layang ) • Pambuka • Isi • Panutup • Titimangsa / Tanggal • Peprenahan • Tapak asma • Nama 1 2 Jakarta, 5 Juni 2009 Sungkem pangabekti kulo Katur Bapak-Ibu Eri Hastadi Ing Gunungkidul. Nuwun, kanthi serat meniko ngaturi priksa, bilih kula tansah ginanjar kawilujengan, pinaringan bagas kawarasan, pikantuk berkah saking Gusti lan pangestu panjenengan. Mugi-mugi bapak ibu sekalian sarta mas lan adik ing mriki inggih mekaten kawontenanipun. Kejawi menika keparenga kula matur, gegandengan benjang wulan ngajeng menika sampun libur, kamangka sekolah badhe ngawontenaken kemah ing Prambanan, Ngayogyakarta tanggal 4-6 Juli 2009, pramila kula mboten saged wangsul rumiyin dhateng Gunungkidul amargi badhe persiapan dhateng Prambanan. Malah menawi wonten dhanganing penggalih kula nyuwun tambah kinantun sangu, dene beya kagem kemah sampun kula pendhetaken saking tabungan ingkang wonten BPD. Lajeng, menawi bapak ibu badhe pinanggih kaliyan kula saget rawuh wonten Bumi Perkemahan Rama Sinta Prambanan. Wasana namung menika ingkang dados atur kula, menawi wonten atur ingkang kirang mranani penggalih lan sedaya kalepatan, kula nyuwun pangapunten. Sanget pangajeng-ajeng kula tumrap kinantunipun sangu, sarta nyuwun tambahing pangestu. Matur nuwun. Ingkang Putra Eko Putro 3 4 6 7 8

  10. Sega papat, cacahe Enem Menawi lepat, Nyuwun pangapunten

More Related